Teks Mukodimah Tahlil Bahasa Jawa
الـحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَـمِيْنَ ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِيْنَ ، نَبِيِّنَا وَحَبِيْبِنَا مُـحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْـمَعِيْنَ ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ، أَمَّا بَعْدُ
Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, wassholaatu wassalaamu ‘alaa asyroofil anbiyaa-i wal mursaliin, nabiyyinaa wahabiibinaa muhammadin, wa’ala alihi washahbihi aj’ma’iin, wa man tabi’ahum biihsanin ilaa yaumiddin, Amma ba’du.
– Al Mukarrom, poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,
– Poro sesepuh, pini sepuh ingkang kawulo mulya aken’
– Dumateng Ketua RW lan RT sak perangkatipun, ingkang kawulo hormati.
– Hadirin ingkang kawula mulya aken, lan sedoyo jama’ah tahlil. Wabil khsusus Shahibul bayt, Bapak Ahmad Fathoni sekeluargo.
Poro undangan/jama’ah monggo kita ucapaken puji syukur dumateng ngarsonipun Allah SWT kanti ucapan Alhamdulillahi robbil ‘alamin, sebab Gusti Allah sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, dene dalu meniko kulo lan panjenengan sedoyo saged angrawuhi wonten dalemipun Bapak Ahmad Fathoni kanti waras utawi sehat wal afiat, mboten wonten rubedo setunggal menopo.
Mugi-mugi kehadiran kula lan panjenengan sedoyo dipun catet dening Gusti Allah SWT ndadosaken amalan hasanah, fiddini wadunya wal akhiroh. Aamin ya robbal ‘aalamiin.
Bapak-bapak poro rawuh sedoyo, ingkang kawula mulya-aken, dene dalu menika Bapak Ahmad Fathoni kagungan hajat inggih puniko bade nyuwun dumateng poro rawuh kanngge ndedo’a nyuwun dumateng Allah SWT, inggih menika ando’a-aken dumaten leluhuripun ingkang sampun pinanggil wonten ngarsonipun Gusti Allah.
Bapak-bapak poro rawuh sedoyo, Bapak Ahmad Fathoni (shohibul hajat) nyuwun dipun waosaken surat Yaasin lan dipun terasaken bacaan Tahlil.
Dene kagem mimpin waosan Yaasin lan Tahlil kawulo pasraha-ken dumateng panjenenganipun Bapak Ustadz Mudzakir, S.Ag. lan mangke dipun tutup do’anipun kawula suwun panjenenganipun Bapak Ustadz Abdul Rohim.
Monggo kangge miwiti utawi pembukaan, kula lan panjengan sedoyo, sareng-sareng maos bacaan umul Qur’an.
Bismillahir rohmaanir rahiim, : Ila hadratin Nabiyyil Mustofa Muhammad Sholallahu ‘alaihi wa sallam, wa azwajihi wa durriyyatihi ‘Ajma’in , ALFAATIHAH.
Sak lajengipun kangge mimpin waosan Yasin lan Tahlil kawula sumangga-aken dumateng Bapak Ustadz Mudzakir, S.Ag.
Dumateng bapak ustad, palenggahan lan wekdal kawula aturaken. Sumonggo….
Catatan : SESUDAH SELESAI BACA TAHLIL DAN DOA. Untuk pembawa acara agar mengucapkan terima kasih kepada para jamaah.
Bapak-bapak para rawuh sedoyo, ingkang kawula mulya-aken.
Makaten kolo wau waosan Yaasin, Tahlil lan do’a penutup, sampun kita sedoyo lampahi kanti lancar lan gangsar mboten wonten rubeda setunggal menapa. Mugi-mugi menapa ingkang dados niat hajatipun Bapak Ahmad Fathoni (shohibut bayt), Saged dipun tampi lan dipun ridhoi kalian Gusti Allah SWT. Aamiin.
Kulo atas nami shohibul hajat Bapak Ahmad Fathoni, ngaturaken dumateng poro rawuh sedoyo, agunging panuwun ingkang sampun rawuh wonten gubuk kulo, kanti tulus lan ikhlas. Nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun paring penghormatan, pinara’-an lan ugi hidangan kirang cocok dumateng panjenengan sedoyo. Sepindah malih kulo nyuwun agunging pangapunten.
Wabil khusus kulo piyambak selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo, mbok bilih wonten ucapan igkang kirang prayogo lan kirang pas tumraping tata acoro, menika.
Akhiru kalam, Billahi taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Teks Pembawa Acara Tahlilan dalam Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillah, Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil mu’minin liyazdaadu iimanan ma’aa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warosulu la nabiyya ba’dah.
Allohumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad, wa’ala alihi wasohbihi waman tabi’ahum biihsanin ilaa yaumiddin.
qoolallahu ta’ala fil qur’anil kariim, a’udzubillaahi minashaitonirrojiim, bismillah hirrohmaanirrohiim :
amma ba’du :
almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,
ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil,
wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ……….sekeluarga
alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil ‘aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak …… kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X
sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli ‘alaa Muhammad…
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam, arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal ‘alamin …
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak …. kagungan hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma :
1. Almarhum Bapak…..
2. Almarhum Bapak…..
3. Almarhumah Ibu…..
4. ………………. lan
5. ……………….
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin lan tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak ….. lan mangke dipun tutup do’a kalian panjenenganipun Bapak …..
Monggo pakempalan dalu menika kito mulai kanthi pembukaan ummul qur’an shurotul fatihah…
Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin nabi mustofa Muhammad shollallohu ‘alaihi wasallam wa’ala alihi wasohbihi wa azwajihi wadhurriyya tihi ajma’in, ALFAATIHAH…
Saklajengipun waosan yasin lan tahlilipun, dumateng panjenenganipun Bapak …. kawulo aturan..
PEMBACAAN YASIN DAN TAHLIL
PEMBACAAN DOA
ISTIRAHAT
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan yasin, tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan lampahi kanthi lancar lan gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak …… estu-estu dipun terami kalian Allah SWT. Amin …
Atas Nami shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ….. ngaturaken agunging panuwun atas kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih anggenipun paring panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan jedoyo.
Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan sedoyo.
Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah, Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Allahumma sholli alaa Muhammad….
Mukadimah Tahlil Bahasa Jawa Singkat
Assalamualaikum wr wb
Muqodimah Bahasa Arab.
Biasanya sebelum memulai para tokoh pemimpin tahlil membacakan sholawat atau
muqoddimah berbhasa arab
Audzubillah himinassyatho nir rojim, bismillah hirroh man nir rohim, alhamdulillah hirobbil
alamin, wassola tuwassalamu ala asrofil mur salin, sayyidina wamau lana muhammadin
waala alihi wasoh bihi ajmain, amma ba’duh.
Masuk Ke Teks Pembukaan Bahasa Jawa
Hadrotal muhtaromin poro bapak alim ulama, poro bapak kiai ingkang kawulo hormati
Dumateng sedoyo poro bapak tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken
Ing mriki kawulo minongko wakilipun sohibul hajjah, inggih menika … (sebutkan nama
keluarga yang memiliki hajat), sepindah muji syukur alhamdulillah dateng ngarsanipun
Allah subhanahu wataala kanti ucapan alhamdulillah hirobbil alamin.
Sholawat soho salam mugiyo tansah kaatur dumateng junjungan kito nabi besar
muhammad saw. waala alihi wasoh bihi waman tanbiahum ila yaumil qiyamah, ingkang
selajengipun atas nami sohibul hajjah …(sebut nama tuan rumah yang berhajat) sepindah
matur sembah nuwun sanget atas rawuh panjenengan sedoyo, mugi-mugi rawuh
panjenengan sedoyo meniko dipun dadosaken amal silaturrahim ingkang barokah, manfaat,
maslahah, fiddini wad dunya wal akhiroh.
Mbok bileh anggenipun ngrawuhaken kawulo panjengan sedoyo meniko anggadahi
kekirangan saking nopo kemawon … (sebut nama tuan rumah yang berhajat) nyuwun
agungipun nagpunten dohiron wa batinan dumateng panjenengan sodoyo.
Dene maksud ipun ngerawuhaken kulo panjenengan sedoyo sepindah dipun suwuni doa
restunipun ingkang mugi-mugi (sebut nama tuan rumah yang berhajat) mugo selalu angsal
maunah pertolongan saking Allah SWT. diparingi kuat iman islamipun
Lan dipun suwuni ikhlas ipun penggalih inggih puniko waosan kalimah toyyibah tahlil
ingkan mangke ganjaranipun dipuun hadiahaken dumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW
waala alihi wasohbihi ajmain, dipun khusussaken dumateng (nama almarhum yang di
tahlilin) ingkan wekdal sekawan dosonipun saking wafatipun (nama acara bisa diganti)
nyuwun doa restu dumateng panjenengan sedoyo mugi-mugi bapak (nama almarhum yang
di tahlilin) wonten ing ngalam kubur meniko selalu angsal nikmat lan rohmatipun Allah
SWT
Ala hadiniyah assholihah al fatihah…
Setealah itu lanjut pembacaan kaliamah tahlil dan doa sampai selesai
Kali ini cakmustop juga telah menulis artikel yang berisi contoh teks pembuka acara tahlil
berbahasa indonesia dan jawa, file undangan tahlil berformat word yang bisa di download
dengan mudah dan, file tahlil berformat pdf versi NU dan tahlil versi Pondok Pesantren
Lirboyo, tertarik dengan artikel ini, monggo di klik link berikut ini
Begitulah contoh naskah pembukaan tahlil bahasa jawa, dimana teks tersebut saya ambil
dari salah satu pembukaan tahlil di daerah kediri jawa timur.
Semoga bisa bermnafaat.
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Khadlarotil muhtaramīn,
Kaatur dhumateng para alim, para ulama, para kyai ingkang kinurmatan, langkung-langkung dhumateng al-mukarom (sebut nama), ingkang tansah kita ta’dhimi, kita hormati, saha kita antosi piwulang lan nasihatipun ingkang migunani.
Hadirin jamaah Yasin lan Tahlil, rahimakumullah.
Sepisan, mangga kita panjataken puji syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun maringi nikmat iman, islam, sehat wal afiat, saéngga kita saged makempal bebarengan wonten ing acara rutinan Yasin lan Tahlil punika, tanpa halangan satunggal punapa. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.
Kapindho, shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kita kalebet umatipun ingkang pinaringan syafa’at wonten ing yaumil qiyamah. Aamiin ya rabbal ‘alamin.
Hadirin rahimakumullah,
Sadurunge acara kita miwiti, kawula minangka pranatacara badhe maosaken runtutan acara ingkang bade kalampahan.
Adapun susunan acara menika kados makaten:
-
Pembacaan niyat lan kirim arwah.
-
Waosan Yasin lan Tahlil.
-
Mauidzoh hasanah saha donga.
Monggo acara menika kita awali kanthi maos Ummul Kitab, kanthi niyat kang sae.
‘Ala hadzihin niyyah assholihah, Al-Fatihah…
(Maos Al-Fatihah)
Maturnuwun sanget. Mugi-mugi maos Fatihah menika saged njalari lancaripun acara kita menika, lan diparingi ridho Allah SWT.
Hadirin ingkang kinurmatan,
Acara ingkang kaping kalih, waosan Yasin lan Tahlil, ingkang badhe kaaturaken dhumateng al-mukarom (sebut nama).
Dumateng panjenenganipun, kawula aturi, monggo sumangga.
(Saweg waosan Yasin lan Tahlil)
Maturnuwun dhumateng panjenenganipun (sebut nama). Mugi waosan menika saged dados tamba atine kita, lan nambah iman taqwa dhumateng Allah SWT.
Acara salajengipun, inggih menika mauidzoh hasanah saha donga, ingkang badhe kaparingaken déning al-mukarom (sebut nama).
Dumateng panjenenganipun, sumangga katur.
(Saweg mauidzoh lan donga)
Maturnuwun sanget kawula aturaken. Mugi piwulang lan donga menika saged dados pepadang tumrap gesang kita sedaya.
Hadirin jamaah ingkang kinurmatan,
Mekaten pitedah saha pandonga ingkang sampun kita tampi, mugi kaparingi manfaat lan barokahipun.
Kawula minangka pranatacara nyuwun agunging pangapunten menawi wonten lepat basa, tindak tanduk, utawi panyebutan nama.
Akhiran, Wallahul muwaffiq ilaa aqwamith thoriq.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Oleh gurupendidikan Diposting pada 19 Juli 2021. Kita dapt merubah mukadimah sesuai dengan tema.

Pembawa Acara Yasin Tahlil Bahasa Jawa Tawasul Lengkap Jawa Timur Cara Golden Contoh Mukadimah Yasinan Bahasa Jawa Terbaik Didjawabansoal
Mukadimah Singkat Pembukaan Yasinan Tahlilan Bahasa Jawa Mataraman PJ Blog Yasinan adalah sebuah kegiatan membaca Surat Yasin secara bersama-sama dan biasanya dilanjutkan dengan membaca tahlil dengan tujuan untuk berdzikir bersama untuk berdoa dan mendoakan seseorang yang tertimpa musibah baik itu untuk orang yang sedang sakit ataupun orang yang sudah.

Contoh mukadimah tahlil bahasa jawa singkat. Mc yasin tahlil bahasa jawa hadrotal mukarromin po. Biasanya mukadimah sering kita dengar di. Dalam sebuah acara pernikahan sangat diperlukan panduan yang jelas untuk berbagai acara atau momen yang ada di dalam susunan acara.
Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan Assalamualaikum Wr. Contoh teks pembawa acara MC bahasa Jawa singkat. Contoh teks mc pembawa acara dalam bahasa jawa singkat terbaru mudah dihafalkan lengkap beserta terjemahan ke dalam bahasa indonesia.
Materi Pelajaran 6 Contoh. 1 contoh mukadimah pidato terupdate arab indonesia. Mukadimah acara tahlilan bahasa sunda terbaik kumpulan referensi teks pidato.
Sebagai orang Jawa yang hidup di kampung memang tak lepas dari kegiatan rutinan yang diadakan setiap bulan bahkan seminggu sekali dimana program tersebut memang sudah berjalan sejak dari dulu. 18 Contoh Mukadimah Dalam Bahasa Arab Latin Terlengkap Istilah mukadimah sudah tidak asing lagi tentunya bagi kita semua. Ingkang kinurmatan bapak ibu guru SMPN 1 Japah Sedaya kanca-kanca seperjuangan ingkang kawula tresnani.
Contoh Naskah Pidato Naskah Pidato HUT RI 17 Agustus. Contoh Mukadimah Pidato Terupdate Arab. Kata sambutan tuan rumah acara pengajian sambutan tahlilan bahasa jawa pembawa acara yasin tahlil sambutan tuan rumah acara syukuran mukadimah kematian mukadimah mc acara haul sambutan 7 bulanan singkat sambutan tuan rumah acara tahlil yasin pidato tentang yasinan kata sambutan takziah contoh sambutan acara 40 hari orang meninggal pembawa acara tahlilan rutin bahasa jawa.
Kata Sambutan Tuan Rumah Acara Pengajian Sambutan Tahlilan Bahasa Jawa Pembawa Acara Yasin Tahlil Sambutan Tuan Rumah Acara Syukuran Mukadimah Kematian Mukadimah Mc Acara Haul Sambutan 7 Bulanan Singkat Sambutan Tuan Rumah Acara Tahlil Yasin Pidato Tentang Yasinan Kata Sambutan Takziah Contoh Sambutan Acara 40 Hari Orang Meninggal Pembawa Acara Tahlilan Rutin Bahasa. Contoh naskah mc pembawa acara tahlilan bahasa indonesia pada kesempatan kali ini kami akan memberikan contoh untuk naskah pembawa acara singkat untuk tahlilan dalam bahasa jawa. 10 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Padat Jelas Terbaru 2020 New Suka Suka.
Contoh mukadimah ceramah bahasa sunda. Mukadimah sendiri merupakan suatu pendahuluan atau pengantar atau kata pembuka. Kata sambutan tuan rumah acara pengajian sambutan tahlilan bahasa jawa pembawa acara yasin tahlil sambutan tuan rumah acara syukuran mukadimah kematian mukadimah mc acara haul sambutan 7 bulanan singkat sambutan tuan rumah acara tahlil yasin pidato tentang yasinan kata sambutan takziah contoh sambutan acara 40 hari orang meninggal pembawa acara tahlilan rutin bahasa jawa.
Nah kita sebagai warga yang ikut kegiatan tersebut kadang ditunjuk sebagai pembawa acara dan mau. Contoh Naskah MC Pembawa Acara Tahlilan Bahasa Indonesia – Pada kesempatan kali ini kami akan memberikan contoh untuk naskah pembawa acara singkat untuk tahlilan dalam bahasa jawa. Mukadimah tahlil bahasa jawa.
Mukadimah acara tahlilan bahasa jawa yang baik dan benar. Kajian Islam Teks Pidato Sambutan Pernikahan Bahasa Jawa 7 Contoh Terbaik MAKALAH-PEDIA Pernikahan Adat Jawa Ngunduh Mantu. 18 contoh mukadimah dalam bahasa arab latin terlengkap.
Contoh teks mukadimah pidato dalam bahasa indonesia. Contoh Naskah Pembukaan Tahlil Bahasa Jawa Mewakili Tuan Rumah Monday 15 July 2019 Monday July 15 2019 Monday 15 July 2019 CakMustop – Tradisi tahlilan di desa sudah menjadi makanan tiap minggunya baik itu dalam rangka mkirim doa kepada leluhur ataupun karena a. Contoh Naskah MC Pembawa Acara Tahlilan Bahasa Indonesia – Pada kesempatan kali ini kami akan memberikan contoh untuk naskah pembawa acara singkat untuk tahlilan dalam bahasa jawa.
Begitulah contoh naskah pembukaan tahlil bahasa jawa dimana teks tersebut saya ambil dari salah satu pembukaan tahlil di daerah kediri jawa timur.
Read more